Selasa, 04 Mei 2010

MENCARI ILMU

Bab ngalap ngilmu

Tiyang ngaos puniko mboten badhe pikantuk ngilmu ingkang kathah lan manfangat, kejawi netepi sarat nenem. Rupanipun sarat nenem inggih puniko:

1. Limpad : Anggatosake keterangan saking guru sahingga ngantos paham.

2. Lobo’ : Cinta dateng pelajaranipun.

3. Sobar : Kedah tahan uji utawi sabar.

4. Anggadhahi sangu engkang cekap tur halal.

5. Kedah wonten engkang mulang.

6. Kedah dangu anggenipun ngaos utowo sinau.



Ngajiyo siro kranten ngilmu puniko mahes-mahesi dhateng tiyang engkang anggadhahi ngilmu kalawahu. Lan saged ngunggulake derajatipun lan dados tandanipun tiyang ingkang pinuji.

Ingdalem saben dintenipun kito dipun kedahaken mados tamabah ngilmu ingkang maidahi. Dene tiyang ingkang madosi ngilmu ingkang maidahi puniko dipun umpamiaken kados tiyang ingkang nglangi wonten segara, tegesipun gedah estu-estu.

Ngilmu Fiqih

Kito sedoyo kedah sinahu ngilmu fiqih, sebab ngilmu fiqih puniko, utami-utaminipun ngilmu lan ngilmu fiqih puniko, nedhahake kesaenan lan taqwa dumateng Allah Ta’ala. Lan ngilmu fiqih puniko jejek-jejekipun ngilmu.

Ingkang dipun wastani ngilmu fiqih inggih puniko ngilmu ingkang nedahake dateng merginipun pituduh lan ugi benteng ingkang nylametakesaking sedoyonipun pekiwuh.

Tiyang ngalim fiqih setunggal ingkang nebihi perkawis ingkang haram puniko langkong abot anggodhanipun mungguhipun syaton tenimbang nggodha tiyang ahli ngibadah sewu ingkang mboteng mangertosi ngilmu fiqih.

Kerusakan ingkang ageng inggih puniko tiyang ngalim ingkang mboteng nglampahi ngilmunipun, dene kerusakan ingkang langkung ageng malih puniko tiyang bodho ingkang nglampahi ngibadah. Tegesipun tiyang bodho inggih puniko tiyang ingkang mboten mangertosi tatacara nipun ngibadah ananging mboten purun sinau supados mangertos. Lan karone puniko agung-agunge fitnah dunya.

Menawi wontwn tiyang ingkang kepingin dados ngalim fikih ingkang ahli wicoro nanging mboten purung ngrahosi rekahos/kangelan, puniko setengah saking wernanipun tiyang edan.

Bab Kekancan

Menawi wonten konco ingkang awon budhi pakartinipun puniko kedah enggal dipun tebihi, budhi pekertinipun, ingih puniko kedah dipun kancani supados pikanto kasaenanipun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar